Iklan Adsense Otomatis

Sentra Wisata Kuliner Putro Agung - Kuliner Jalanan Surabaya

Sentra Wisata Kuliner Putro Agung




Ana ing mburi sekolah SMP negeri 9 Surabaya, punika panggonan mangan lan nongkrongnya bocah-bocah sekolah. Akeh-akeh e pengunjunge, yaiku siswa-siswi SMP Negeri 9 Surabaya. Ing kono, akeh banget sing dodol panganan lan minuman, kurang luwih anak 32 warung. Regane panganan lan minuman uga murah lan pas kanggo kantong pelajar. Bukak suene 9 jam sedinane, mulaine jam 10.00 nganti jam 18.00 sore.

Pirang pirang panganan sing didol kayak to es dawet, sego campur, sari dele, gado gado, bakwan lan lia liane. Panggonan lungguh lan mejane uga bersih, kita bisa mangan lan ngombe karo menikmati udara seng kepenak. Cocok kanggo siswa-siswi sing mulih sekolah isih kepingin omong-omongan karo kancane, kanggo ngerjakno sebagian tugas sing durung mari.
# Saka pengamatan sing tak lakoni ana pirang poin seng penting
  1. Ngelayani pelanggan Kanti cepet lan maksimal
  2. Bahan baku sing terjamin kualitase
  3. Suasanane warung makan siang penak lan rileks
  4. Lokasi sing strategis lan manggone ing tengah kota Surabaya
  5. Regane panganan bisa terjangkau karo para siswa