Iklan Adsense Otomatis

Kumpulan Cerita Rakyat - Ajisaka : Asal Mula Aksara Jawa

Cerita Rakyat Ajisaka : Asal Mula Aksara Jawa dalam Bahasa Jawa

tag: Ajisaka, Aksara, Bahasa Jawa


Nalika semana, ing Desa Medang Kawit, Desa Majethi Jawatengah. Ana sawijining ksatria asmane Ajisaka. Deweke bagus rupane lan sakti mandraguna. Ajisaka duweni punggawa loro Dora lan Sembada. Lelorone setya tuhu marang Ajisaka. Sawjining dina Ajisaka kepingin ngumbara, ninggalake pulau majethi. Nalika Ajisaka lunga karo Dora. Sembada, tetep nunggu ing pulau majethi. Sadurunge lunga Ajisaka menei wasiat marang Sembada supaya njaga keris pusakane lan nggowo ing pegunungan kendeng.

Ajisaka : Sembada. Nggawanen keris pusaka iki nang pegunungan kendeng. Jaganen keris iki aja nganthi diserahake marang wong liya nganthi tumekaku jupuk keris iki 

Sembada : inggih tuan, kawula ngestok’aken badhe njagi keris pusaka niki lan mboten badhe dalem ulungaken dateng tiyang sanesipun.

Nalika semana ing tanah Jawa ana negri medang kamulan sing terkenal makmur, aman lan sentosa. Dipimpin dening Prabu Dewata Cengkar sing berbudi luhur lan wicaksono. Nanging kabeh iku berubah nalika sang juru masak kerajaan kairis drijine nalika masak. Nganthi kulit driji lan gethie mlebu marang masak’an sup kuwi. Nalika mateng sup mau dicaosake marang raja saperlu kanggo dhahar. Sawise kuwi Patih Jugul muda kautus nakoni juru masak amarga masak’ane kok enak. Sang juru masak ngomong nek ora sengaja drijine kairis nyebabake kulit dan gethie campur marang marang masak’an kuwi.

Sakwise kuwi Prabu Dewata Cengkar mrintahake patihe supaya nyiapake rakyate kanggo santapan dimasak sabendinane. Wiwit iku sang Prabu Dewata Cengkar seneng mangan daging lan gethine manungsa lan sifate berubah dadi wengis, jahat lan seneng deleng wong sing sengsara nganthi negri medang kamulan sepi nanging ana salah siji rakyate ngungsi marang desa liya.

Ajisaka karo Dora tekan alas roban. Nalika arep ngliwati alas krungu swarane wong lanang njaluk tulung.

Wong lanang : tulung….!!! tulung….!!! tulung….!!!

Ajisaka lan Dora marani arahe swara mau, deweke meruni wong lanang mau digebuki karo perampok loro

Ajisaka : hei lerenono olehmu gebuki wong kuwi 

Perampok iku nggak ngereken bengoke Ajisaka, deweke tetep gebuki. Deleng perbuatane perampok kuwi, Ajisaka ngamuk. Deweke langsung nendang perampok kuwi nganthi ndlosor lan ora sadar. 

Ajisaka: ngapunten pak. Bapak saking pundi lan kenging punapa wonten ing tengah alas?

Wong laki–laki : kawula menika saking negri Medang Kawulan badhe ngungsi amargi Prabu Dewata Cengkar saben dinten ngincer rakyat ipun dimangsa kangge hidangan ipun Prabu Dewata Cengkar

Ajisaka : kepriye kok bisa kaya ngono?

Wong lanang : mekaten tuan! Karemanipun Prabu Dewata Cengkar dhahar daging manungsa amargi nate dhahar kulit driji lan gethie juru masak ingkang kecampur dateng dhaharipun.

Krungu penjelasan kuwi, Ajisaka lan abdine mutusake budhal marang negri Medang Kawulan. Kepingin nulung rakyat Medang Kawulan saka kawengisane Prabu Dewata Cengkar. Sawise sedina sewengi mlaku mlebu metu alas roban. Akhire tekan kerajaan Medang Kawulan. Ajisaka deleng negri Medang Kawulan sing sepi nyenyet nyeremake amarga penduduke ninggalake negri Medang Kawulan

Dora : punapa ingkang badhe dipun tindakaken tuan?

Ajisaka : kowe nunggu nak njaba wae, ben aku dewe sing mlebu istana nemoni raja sing wengis kuwi 

Pengawal : mandheka, pemuda! Kowe siap lan apa tujuanmu mlebu mrene?

Ajisaka : aku Ajisaka, asalku medang kawit kepengen ketemu sang prabu 

Pengawal : hei, pemuda! Apa kowe ora wedi dimangsa sang prabu? 
Ajisaka : kawruhana tuan – tuan tujuanku mrene saperlu nyerahake diri marang sang prabu supaya aku dimangsa
Pengawal istana kaget banget krungu Jawabane Ajisaka. tanpa ora kakehan omong ngijinake Ajisaka mlebu istana, nalika kuwi Prabu Dewata Cengkar ngamuk marang Patih Jugul amarga ora nggawa mangsa.

Pengawal : ampun gusti prabu. Kawula Ajisaka. bilih baginda kersa, kawula siap dados santapanipun baginda dinten niki

Prabu Dewata Cengkar senenge ora karuhan entuk mangsa. Ora sabar mrintahno Patih Jugul kanggo nangkep lan motong – motong badane Ajisaka supaya dimasak. Nalika Patih Jugul arep nangkep, Ajisaka mundur selangkah.

Ajisaka : ampun gusti, saderengipun ditangkep, kawula kagungan panyuwunan. Kawula nyuwun imbalan tanah sakwiyaripun serban kawula niki.

Panyuwunane Ajisaka dikabulake dening sang prabu. Ajisaka lajeng nyuwun Prabu Dewata Cengkar narik salah setunggal ujung surbanipun Ajisaka. Ajaibipun surban menika, saben dipun tarik lajeng meluas lan memanjang ngantos meliputi wilayah Medang Kawulan. Amarga senenge entuk mangsa sing enom lan seger, sang prabu terus ngulur surban iku nganti tekan pantai laut selatan. Nalika kuwi Ajisaka ngibasake surban kasebut, nganti Prabu Dewata Cengkar mencelat mlebu laut. Prabu Dewata Cengkar malih wujud baya putih .

Krungu kabar kasebut, rakyat Medang Kawulan bali saka pengungsian. Ajisaka banjur dinobatake dadi raja Medang Kawulan ngganteni Prabu Dewata Cengkar jejuluk gelar prabu anom Ajisaka. mimpin kerajaan Medang Kawulan nganti arif lan wicaksono.

Ajisaka : Dora! Budhalo nang pegunugan kendheng njupuk’o keris pusakaku. Ngomongo karo Sembada yen aku sing ngutus njupuk pusaka.

Dora : inggih tuan!

Dora: Sembada, kancaku! Sak iki tuan Ajisaka wes dadi raja ing Medang Kawulan. Panjenengane ngutus aku mrene supaya njupuk keris pusakane digowo nang istana Medang Kawulan.
Sembada: ora bisa kancaku! Tuan Ajisaka wes wanti – wanti marang aku supaya ora meneake pusaka marang wong sapa wae.

Sembada sing patuh marang wasiate Ajisaka ora meneake keris pusaka iku marang Dora. Dora tetep meksa supaya pusaka iku diserahake marang deweke. Akhire kekarone tarung ora ana sing gelem ngalah amarga nggugemi wasiate Ajisaka nganti mati.
Sautara Ajisaka wiwit was – was nunggu tekane Dora saka pegunungan kendeng.

Ajisaka : apa sing kedadean karo Dora? Kanti sak iki ko durung bali.

Wes rong dina Ajisaka nunggu, nanging Dora ora teko. Akhire Ajisaka mutusake nyusul marang pegunungan kendeng. Saibo kagete, nalika tekan pegunungan kendeng nemoni Dora lan Sembada padha tiwase. Deweke tiwas kepingin mbutekake kesetiyaane marang tuane. Kanggo kesetiyaane abdi loro mau, ajiaka nyiptakake aksara Jawa utawa dikenal istilah dhentawyanijana. Sing unine :

Maknane tulisan Aksara Jawa

ha na ca ra ka
Ana utusan (ada utusan)
da ta sa wa la
Padha kekerengan (sama-sama menghargai pendapat)
pa dha ja ya nya
Padha digdayané (sama-sama sakti mandraguna)
ma ga ba tha nga
Padha dadi bathangé (sama-sama menjadi mayat alias mati)